=====UNDUH MASTER APLIKASI P K G di sini atau di sini=====

Jumat, 23 Desember 2011

Keputusan Konggres V Bahasa Jawa di Surabaya (5)

ANCANGAN  TITILAKSANA :  


1. Lumantar bebadan formal: pendidikan usia dini (PAUD saha TK),          pendidikan dasar (SD/MI/SDLB saha SMP/MTs/SMPLB), saha            pendidikan menengah (SMA/MA /SMALB saha SMK ).   
2. Lumantar bebadan nonformal: sanggar, paguyuban, padhepokan,   lembaga pendidikan agami, keratin, kanthong-kanthong budaya.    
3. Lumantar pamulanganing salebeting  kluwarga.       


ANCANGAN PROGRAM  : 


 1. Pamarsudi :   
a. Migunakaken basa Jawi ing tataran kelas andhap Sekolah Dasar (PAUD, TK, SD).  
b. Nuwuh nggrengsengaken maos saha nyerat mawi basa Jawi saha aksara Jawi.   
c. Ngipuk-ipuk raos tresna dhumateng basa Jawi lumantar seratan papan nami, iklan, saha media wucalan.    
d. Instansi pemerintah wajib ngginakaken basa Jawi paling boten setunggal dinten nalika makarya ing setunggal minggunipun.   
e. Ngindhakaken bobot saha cacahing panaliten tuwin pendokumentasian tradhisi Jawi (wujud lisan, saperangan lisan, saha non lisan).  
f. Asung bebingah dhumateng panguri-uri, pangrembaka, saha praktisi basa
saha sastra Jawi atas prestasi saha jasanya.     
g. Ningkataken kagunan saha kaprigelanipun mucal guru-guru basa Jawi 
h. Panggilut, Pamangku, saha Paranpara basa saha sastra Jawi wonten ing sekolahan.     


2. Pangrembaka :  


1.  Ngudi larasing kurikulum pamulangan basa Jawi sinartan ubarampening piwucalan basa Jawi ing tataran pendidikan usia dini (PAUD saha TK), pendidikan dasar (SD/MI/SDLB saha SMP/MTs/SMPLB), saha pendidikan menengah (SMA/MA/SMALB saha SMK ).  
2. Yasa buku basa Jawi bausastra, dasanama, paramasastra, saha waosan laras kaliyan titaran pendhidhikanipun.  
3. Alihaksara saha sulih basa naskah-naskah Jawi klasik.  
4.  Sulih basa saha nransformasi wohing kasusastran manca, Indonesia, saha Nusantara dhumateng basa Jawi.  
5.   Nerbitaken buku saha majalah ngangge basa saha aksara Jawi kangge generasi muda Jawi.  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Next Prev
Ismail Wiroprojo