=====UNDUH MASTER APLIKASI P K G di sini atau di sini=====

Sabtu, 25 Mei 2013

Cerita Cekak : Gegayuhan Lan Katresnan

Dening : Iros

http://picasion.com/i/1TDaJ/
Suruping donya wis ganti dadi esuk, swara manuk kang ngoceh ing dhuwur  wit cedhak omah, nangekake wong wadon sing  turu  ing kasur putih.
Kamare ora rapi nanging bisa gawe penak sing duwe.
Satumpuk buku-buku pelajaran ning dhuwur meja, sing mau bengi bar dinggo sinau dijupuk lan dilebokake ning tas. 

Sepasang sandal sing ana ing ngisor amben dinggo banjur mlaku liyat-liyut nuju kamar mandhi sing cedhak karo ambene. Dheweke banjur adus, ora lali nganggo sabun lan shampo.
Sakwise adus banjur metu seko kamar mandhi lan nganggo seragam putih abu-abu sing anyar ketok cocok dinggo, wong wadon iku banjur mlaku nuju kaca sing ana ing cedhak rak-rakane. Nyisiri rambute sing dawa, alus lan endah. Ora lali nganggo jepitan pita warna abang saengga nambah gawe ayune. Mbak Tuti sing gaweane ngrawat dhawuhi Bestari supaya gek sarapan ing meja makan.
Sakwise iku, Bestari wis nganggo seragam rapi lan tas sing  kebak karo buku pelajaran musik. Kabeh keluargane wis nunggu arep sarapan bareng. Bestari banjur maem. Sak wuse iku langsung mangkat sekolah, nganggo motor. Bestari nge-gas banter, nuju sekolahe sing cedhak karo omahe.
Pak Satpam ning arep gerbang maringi aba-aba tanda gerbang wis arep ditutup. ”Nyuwun sewu Pak, gerbange ampun ditutup rumiyin. Kula ajeng mlebet Pak. Nyuwun tulung dipun bikak Pak.  “Bestari, kowe ki rak siswa anyar ta, mangkat sekolah kok awan ngene iki. Iki ki lagi sepisanan mangkat sekolah, eh kok telat. Piye nek dina sateruse?” Pitakone pak Satpam. Bestari meneng nggolek akal supaya bisa mlebu. Bestari gawe rupa melas kaya wong telung dina ora mangan. Ngrasa mesakake, pak Satpam banjur mbukakke gerbange karo kandha kanthi nggrundel ”Awas ya, nek sesuk telat maneh! Ora arep tak bukake gerbange!”.

Bestari langsung markirke motor terus mlebu kelase sing anyar.
Kelase apik lan mewah kanggo sekolah seni. Ruang kelase jembar  sarta akeh barang-barang sing bisa gawe suara merdhu kayata piano, drum, gitar listrik, gitar akustik, terompet, harmonica, biola lan sapanunggalane. Temboke dikeki ukiran gambar–gambar tembang. Pokoke kabeh sarwa tembang”.
“Apa bener kowe sing jenenge Bestari Putri?” Pandangune bu Guru. Bestari matur kanthi alus “Ee…enggih bu, kula Bestari Putri. Bu guru saged nimbali  kula Tari mawon. Kahanan apa iki, Bestari ora ngerti. Bestari mung bisa mikir lan nebak-nebak wae. Ing jero batine : “Ngapa kok bu guru takon kaya ngono? Apa merga aku telat suwi mlebu kelas.  Apa merga ora nothok lawang?. Apa ya?
 Lamunane rampung  sakwise bocah wadon ayu ning ngarepe ngayonke tangane ning arep rupane.”Hey., Bestari kowe ki ngapa? Apa kowe lagi lara? Ngapa kok rupamu kaya wong sing lagi ndelok hantu gentayangan?”  Bestari dadi kaget krungu ana hantu gentayangan “Haa? Apaa? Hantu? Hantu endi hantune? Simbahku bisa ngusir hantu lho, ben tak celuke simbahku supaya hantune ditangkap. Kabeh meneng pada binggung siji lan sijine.
Sakwise kuwi kelas sing maune tenang dadi rame..” Haa ha haa… Bestari, Bestari kowe ki ngomong apa ta? Hantu? Jelas-jelas hantune ki kowe, kok malah takon, kowe ora ngerti ta? Kowe ki kaya hantu. Rambutmu dawa, ireng, kulitmu putih kaya susu, ditambah bunderan ireng nang mripatmu. Coba kowe madhep mburi, mesti ana bolongane, ha ha haaa” aloke salah siji murid lanang. Bestari nutupi mripate,  isin merga  bunderan ireng nang mripate kuwi disebabake  kurang turu. Bestari kelingan mau bengi  turu jam siji bengi amarga kesenengen gawe lagu aransemene. Bu guru nyedhaki Bestari, banjur takon “mau bengi kowe turu jam pira Bestari? Kowe ora kelingan nek dina iki dina sepisanan mangkat sekolah ta?” Bestari sing isih isin mbukak tangane sing nutupi rupa ayune.” Kula  nyuwun pangapunten bu”. Bu Guru memaklumi

wangsulane Bestari, terus neruske pelajaran kepisan mau sing sempet mandhek. ”Ya uwis, anak-anaku, sak iki bu guru pengin ngerti bakat kepisan kowe kabeh, mboh kuwi nari, nyanyi, mainke alat musik  terserah kowe, sing penting maju nyang ngarep.”
Siswa pada maju nyang ngarep nunjukake bakat sing diduweni. Bocah lanang kang perawakane dhuwur, rambut ireng, ganteng  maju nyang ngarep kelas, banjur nari. Tangane   tengen lan kiwa prigel nyelaraske karo tembang. “Rep ring ding dong ring ding dong. Tangane kaya sayap garuda sing mabur ing angkasa, sikile kaya robot modifikasi sing wis canggih. Ing pungkasan, tariane sampurna banget. Suara keplokan saka siswa liya gumbleger.
Mak dheg rasane ning jero atine Bestari nalika kancane lanang kuwi mau mlaku nuju ing ngarepe lan nepuk  pundake sing  cilik. Saiki giliranmu. “Muga-muga sukses anggonmu maju”, kandhane siswa lanang sing lagi wae joget.
Batine Bestari  rada geter kaya wong kang lagi ketaman asmara. Bestari banjur maju neng ngarep cedhak piano. Bestari banjur ngawiti main piano karo nyanyi. Swara piano kang merdhu, endah, alus lan bisa gawe tentreming para siswa kang ngrungokake. Kabeh kanca-kancane Bestari mung meneng, kesengsem marang suara piano lan suarane Dinda.
Ana lagu ning kalbuku,
Kuwi lagu sing nggawe aku tentrem,
Meneh lan meneh,
Aku nduwe angen,
Angenku ora bakal mandhek nang kene,
Aku percaya karo mimpiku,
Aku mung wong wadon sing duwe mimpi,
Aku percaya karo mimpiku,
Sak wuse Bestari rampung, kanca-kancane padha ngalembana, “Bestari, Bestari , Bestari”. Swara keplok lan suraking kanca-kanca mbata rubuh. Para siswa ing  kelas liya padha melu ndelok lan keplok-keplok.
Ana wong wadon ayu ndelok Bestari, sing duwe rasa iri. ” Bestari, aku, ora bakal kalah karo kowe“, kandhane Ajeng neng jero batine karo ninggalke kelas iku,.
~~nang kantin sekolah~~
“Wah, Bestari, penampilanmu apik banget, swaramu merdhu lan alus bisa gawe tentrem nang atiku”, kandhane Susi.
” Bestari, Luar biasa, bakatmu luar biasa, tanganmu trampil mijet grand piano kuwi”, tambah wong lanang keriting iku. Kamangka, Susi lan Binsar  duwe bakat sing padha luar biasane. Susi sing duwe awak apik bisa nari, lan Binsar sing setya karo gitare sing digawa nang ngendi-ngendi.
~~6 wulan sakwise ~~
Bestari terus terusan sinau supaya bisa ngembangke bakat sing di duweni. Bocah iku ngrasa ora puas karo kemampuane. Gegayuhane, bakal nerusake sekolah ing luar negeri yaiku Universitas Seni London gedhe banget. Nalika dina kang untung Bestari entuk pengumuman saka Ibu guru.
“Anak-anaku, Ibu arep ngumumake  kanggo para siswa. Ibu pengin ngucapake selamat kanggo kowe kabeh, muga-muga kowe kabeh bisa sukses”. Suasana dadi rame lan kabeh siswa dadi penasaran. “Punapa pengumumanipun bu Guru? Mboten sah damel penasaran to Bu”. Kandhane salah sawijining siswa. Sakwise suasana tenang bu Guru nerusake pangandikane mau. ” Bestari, Susi, Ajeng, Binsar lan Rendi entuk beasiswa sekolah nang Universitas Seni London tanpa biaya, kowe ya padha entuk pesangon saka pemerintah. Sak wulan engkas kowe padha arep Ujian Akhir. Ibu Guru duwe pangarep-arep kowe bisa nampilke sing paling apik nang ngarep juri.
”Kabeh kaget, apa maneh wong lima mau. Bestari kaget. Akhire angen-angene bisa kelakon. Mak plong rasane kaya entuk dalan nggayuh angene saksuwene iki.
Dina arep ujian akhir sansaya cedhak, Bestari sinau kanggo ujian, dheweke ora gelem gawe kuciwa wong tuwane lan kancan-kancane. Bestari wis duwe lagu sing dikarang dhewe kanggo tampil sesuk nang ngarep juri. Panggung wis disusun rapi panitia. Juri-juri wus padha manggon nang kursine dhewe-dhewe. Siswa-siswi gantian munggah panggung lan nampilke tampilan sing paling apik. Kabeh siswa ora ngerti sing ditampilke apik apa ora, sing penting wis usaha nampilke sing paling apik.
Saiki gilirane Bestari, dheweke ngrasa gugup. Aneh. Kamangka biasane ora ngrasa gugup kang gedhe banget kaya ngene. Wong saka mburi nepuk pundak Bestari, ”Kowe mesthi bisa Bestari, kowe rak wus latihan keras nganti saiki ta? Ngapa mesthi wedi? Perkara apik apa ora sing penting tampil kanthi SEMANGAT. Oke??“ Rendi mbagekake grapyak. Bestari mesem lan ngangguk “Oke. Nyuwun dongamu ya Ren, penampilanmu mau apik banget lho, aku seneng karo tarianmu“. Rendi sing ana ing ngarepe mung bisa ngguyu “Ha ha haa, ngapa mung seneng karo tarianku? Lha nek karo aku seneng apa ora? Ha ha ha”.
Bestari kaget. Dheweke ngguyu karo ngrasa isin banjur munggah panggung. Banjur kandha “Nang donya iki , mimpi dadi wong bodho iku ora ana.  Aku persembahke lagu iki kanggo wong tuwaku, guru-guruku lan wong sing lagi wae maringi aku semangat. Dinda langsung nyanyi. Swara gitar sing dipetik Bestari kaya lagu nang swarga kang bisa gawe tentreme ati kang lagi gundah. Kabeh kesengsem, kalebu juri kang ana ing ngarep. Sakwise kuwi, acarane rampung.
Akhire dina keberangkatan tumuju London wis cumepak. Nang pesawat, salah sawijining wong wadon nyedhaki Bestari. Wanita kang duwe tatapan tajam kang bisa gawe Bestari sethitik ora nyaman.
”Kowe mesthi ngrasa seneng ta? Sak iki kowe bisa seneng sik. Gedhene kaya  ngapa usahamu, kowe bakal kalah karo aku“.Bestari kaget lan mesem sethitik dipeksa“.Bestari banjur jawab “Aku? Aku ora bakal kalah karo kowe”. Ajeng karo mesem sinis  mangsuli “Lakukan sing terbaik, kawan”. Meneh lan meneh, Bestari digawe kaget karo wanita iku. Sikap lan tindak–tanduke sing sak suwene iki mung dinggo gawe aku terpacu bisa menang. Ajeng banjur lunga ninggalke Bestari sing isih kaget.
Sakwise penerbangan puluhan jam, akhire tiba nang London. Bestari mlaku nang antara wong-wong kang padha mlaku, mudhun saka pesawat. Rendi saka mburi ngampiri Bestari sing kabotan gawa kopere. Rendi mbantu nggawakake koper gedhe iku”. Piye? Perjalanane, nyenengake ta ? Rendi takon. “Matur suwun ya Ren” wangsulane  kang lirih saengga Rendi ora bisa krungu suwarane. “Ren, iki wis dadi gegayuhanku, dadi obsesiku sak suwene iki”. Bestari neruske omongane. Wong loro kuwi mung pada ngguyu lan ngrasake isin tumuju bis kang ngeterke ning penginapan.
Gegayuhan, katresnan, krasa bahagia umpama nduwe rasa iku. Usaha, kerja keras lan donga kang dadi utama dinda bisa nggayuh impene. Bestari ngerti, perjalanane ora mung mandhek tekan kene. Dheweke pengen sinau lan golek pangerten apa kang sadurunge ora dingerteni. Bestari wani duwe pangangen-angen lan pangangen-angen kuwi kang bisa dadi jalaran dheweke tekan kene.

Unsur –Unsur Cerkak
A.  Irah-irahan : Gegayuhan lan Katresnan
B.  Basa ( gaya, style) : Ngginakaken Bahasa Jawa Ngoko lan Krama.
C. Tema : Impian kaliyan ketaman asmara.
D.  Alur : Maju
E. Setting
Setting panggonan      : Omah, Sekolah Seni, Bandara .
Setting suasana           : Gembira, kaget, seneng.
Setting waktu              :  Esuk lan bengi .

F. Paraga             :
1.   Bestari            
2.  Mbak Tuti
3.  Pak Satpam
4.  Rendi            
5.  Susi               
6.  Ajeng              
7.  Binsar            
G. Wataking paraga
1.   Bestari               :  Becik, pantang menyerah, kerja keras
2.   Mbak Tuti            : Becik, penyayang
3.   Pak Satpam        : Becik, Seneng tetulung
4.   Rendi                  : Becik, Grapyak, Ceria
5.   Susi                     : Becik, ceria
6.   Ajeng                   : Sombong,Sinis, tapi nggatekake.
7.   Binsar                  :  Becik, ceria
H. Budi pekerti
Saben manungsa kudu duwe mimpi kang bisa dadi penyemangat utawi pacuan supaya bisa dadi sukses
Usaha, kerja kang sregep, donga kang dadi utama sukses.
Bakat manungsa iku kudu dikembangke


Iros adalah Ismail Iroprojo adalah Ismail Wiroprojo adalah Ismail




2 komentar:

  1. nah ini yang saya cari, tapi yang temanya pendidikan ada gak pak?

    BalasHapus
    Balasan
    1. Belum ada. Apa itu belum bertemakan pendidikan?

      Hapus

Next Prev
Ismail Wiroprojo