Ing gunung Merbabu ana Pandhita tarak brata, kagungan
putra kang salah kedaden awujud naga. Naga mau sangsaya mundhak gedhe. Nuju
sawijine dina naga mau mara menyang pratapane Sang Pandhita, ngaku menawa
putrane.Sang Pandhita banget anggone kewuhan ing penggalih. Wusana ngendika
mangkene, “Eh naga, elok temen kowe yen ngaku anake manungsa, Ewa semono aku
iyo gelem ngakoni anak marang sira menawa gelem tapa nglekeri gunung Merbabu
iki kongsi tepung gelang, yen sira bisnyakepi gunung iki iya dakaku anak
temenan.”
Kacarita naga mau banjur nglekeri gunung Merbabu.
Saking suwene anggone tapa, awake dirambati oyot-oyodan nganti ora katon wujude
naga. Suwene pethithing buntut arep digathukake karo sirahe isih cupet, ilate
banjur dieletke supaya bisa gathuk karo buntut. Wusana Sang Ajar priksa, ilat
ditigas, lan kethokan ilat mau dadi wesi nuli kinarya gegaman dening Sang Ajar.
Naga mau tumekeng tiwas, awake sangsaya suwe sangsaya ora katon amarga saking
akehe rerungkudan.
Ing sawijining wektu, wong-wong padhusan padha mbeburu
kewan alas, arep kanggo wilujengan besih dusun. Meh sedino muput ora antuk
gawe, terus padha ngaso lungguhan ing sangisoring wit gedhe. Ana salah sawijine
wong kang kethok-kethok kayu landhesan oyod gedhe. Saiba kagete dene oyod mau
ngetokake rah. Kanca-kancane padha gawok, sarta duwe pandunga menawa kang metu
rahe iku ula gedhe.
Tinimbang ora anthuk kewan alas, antuk ula gedhe iya
lumayan. Wong-wong mau banjur pada mbruncah ula, daginge digawa mantuk
kapasrahake menyang daleme Pak Bayan.
Esuke ing daleme Pak Bayan wong-wong wadon pada rewang
olah-olah, marga sorene arep wilujeng bersih dusun. Suksmane ula mau
memba-memba bocah lanang, mara menyang daleme Pak Bayan njaluk sega karo iwak,
nanging ora dir ewes babar pisan. Ana sawijine wong wadon tuwa sing welas
marang bocah mau, banjur menehi sega lawuh iwak. Bocah lanang mau seneng banget,
saking rasa panarimane, banjur meling marang Simbah Wedok mangkene, “Mbah
mangke badhe wonten bena ageng, sampeyan sedhiya lesung kalih enthong, lesung
kangge prau, enthongipun kangge melahi”.
Bocah lanang mau bareng wis wareg, banjur menyang
latarnancepke sada ing lemah, ing kono akeh bocah liyane sing pada ngrubung.
Bocah sing duwe sada mau kandha mangkene, “ Ayo, sapa bisa mbedhol sadaku iki?
“akeh bocah sing padha nyoba genti-genten mbedhol, nanging siji-siji ora ono
sing kuwawa. Wong-wong ing pendhapa bareng krungu bocah-bocah ngguyu ger-geran
banjur padha metu. Wusana wong-wong mau padha melu nyoba mbedhol, nanging yo
ora anak sing kuwawa. Bocah kang duwe sada nuli kandha, “Yen ora ana sing
kuwawa mbedhol, endi dak bedhole dhewe!”.
Sawise saa kebedhol, tilase sada mau mancur banyu.
Banyu mili gumbrojog, sangsaya suwe nuwuhake banjir, wong sadhusun pating jerit ora karuwan polahe, wusana padha
mati keblabak banjir. Nanging ana siji slamet merga numpak lesung, yaiku wong
tuwa wadon kang menehi sega bocah lanang mau. Papan kang kebanjiran kasebut
nganti seprene dadi rawa, ingaran Rawa Pening, kang pinangka tuk sumbere kali
Tuntang.