Kawruh Sapala
Kawruh kagunan
basa awujud : paribasan, saloka, lan bebasan kadhang kala kaanggep, padha
kamnagka sejatine beda. Mula sejatine beda. Mula ing ngisor iki bakal
kaandharake sacara ringkes bab kawruh kagunan basa kasebut.
1. Paribasan
Paribasan, yaiku unen-unen utawa
tembungan kang ajeg penganggone duwe teges entar, nanging ora ngemu suras
pepindhan.
Tuladha :
a. Kadang konang tegese geleme
ngaku kadang utawa sedulur, mung sing katon sugih bae.
b. Nyucuk angiberake tegese
mertamu wis disuguh, nanging balih isih nggawa.
c. Blaba wuda tegese saking
anggone duwe watak loma, nganti awake dhewe ora duwe apa-apa.
d. Criwis cawis tegese wong kang sugih omong nanging ya
bisa mrantasi gawe.
f. Adigang, adigung, adiguna
tegese wong kang seneng ngendel-ngendelake kekuwatan, kasugihan lan kapinteran.
g. Tulung menthung tegese aweh
pitulungan nanging malah gawe rekasa sing ditulungb.
h. Yitna yuwana lena kena
tegese sing ngati-ati slamet, sing sembrana cilaka.
i. Wiwit kuncung nganti gelung
tegese wiwit bocah nganti tuwa.
j. Ana catur mungkur tegese
ora gelem melu urusane liyan.
2. Saloka
Saloka, yaiku unen-unen utawa
tembungan kang ajeng penganggone, duwe teges entar, ngemu surasa pepindhan,
dene kang dipindhakake wonge utawa barange.
Tuladha:
a. Kebo nusu gudel tegese wong
tuwa njaluk warah marang wong enom.
b. Kebo kabotan sungu tegese
wong kang rekasa uripe jalaran kakehan anak.
c. Kacang nurut lanjaran
tegese tingkah lakune anak lumrahe ora bedo karo tingkah lakune wong tuwane.
d. Timun mungsuh duren teges
wong cilik padudon mungsuh wong gedhe
mesthi bakal kalahe.
e. Kethek saranggon tegese
gegrombolane wong kan tumindake ala.
f. Emprit abuntut bedhug
tegese perkara cilik wusanane dadi perkara sing ngembra-ngembra.
g. Gajah ngidak rapah tegese
wong kang nglanggar wewalere dhewe
h. Kutuk marani sunduk tegese
wong kang njarag marang bebaya.
i. Kebo ilang mulih menyang
kandhange tegese wong utawa barang ilang bisa bali tanpa digoleki.
j. Tumbu oleh tutup tegese
wong kang memitran sing cocog banget.
3. Bebasan
Bebasan, yaiku unen-unen utawa tetembungan kang ajeg
penganggone, duwe teges entar, ngemu surasa pepindhan, dene sing dipindahakake
kakahanane wong utawa barang.
a. Bathok bolu isi madu tegese
wong kang katohe ala nanging sugih kapinteran.
b. Kriwikan dadi grojogan
tegese perkara cilik dadi perkara gedhe.
c. Ngaup ngisor awar-awar
tegese njaluk pitulungan marang wong kang kahanae ora duwe.
d. Nuruti layangan pedhot
tegese nggoleki barang remeh, ora kurup karo rekasane.
e. Emban cindhe emban siladan
mbedak-bedakake utawa ora adil.
f. Nglungguhi klasa gumelar
tegese mung kari nemu kepenake.
g. Ngubak-ubak banyu bening
tegese gawe rerusuh papan kang wis tentrem.
h. Cebol nggayuh lintang
tegese kedhuwuren panjangka.
i. Wis kebak sundukane tegese
wis akeh dosane.
j. Kebak luber kocak-kacik
tegese wong kang kakehan ngelmu malah owah pikirane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar