=====UNDUH MASTER APLIKASI P K G di sini atau di sini=====

Minggu, 29 Juni 2014

Kawruh Sapala

Kawruh Sapala
Kawruh kagunan basa awujud : paribasan, saloka, lan bebasan kadhang kala kaanggep, padha kamnagka sejatine beda. Mula sejatine beda. Mula ing ngisor iki bakal kaandharake sacara ringkes bab kawruh kagunan basa kasebut.

1.       Paribasan
Paribasan, yaiku unen-unen utawa tembungan kang ajeg penganggone duwe teges entar, nanging ora ngemu suras pepindhan.
Tuladha :
a. Kadang konang tegese geleme ngaku kadang utawa sedulur, mung sing katon sugih bae.
b. Nyucuk angiberake tegese mertamu wis disuguh, nanging balih isih nggawa.
c.  Blaba wuda tegese saking anggone duwe watak loma, nganti awake dhewe ora duwe apa-apa.
d.  Criwis  cawis tegese wong kang sugih omong nanging ya bisa mrantasi gawe.
e.  Jer basuki mawa bea tegese katekane gegayuh mawa pangurbanan.

f.   Adigang, adigung, adiguna tegese wong kang seneng ngendel-ngendelake kekuwatan, kasugihan lan kapinteran.
g. Tulung menthung tegese aweh pitulungan nanging malah gawe rekasa sing ditulungb.
h. Yitna yuwana lena kena tegese sing ngati-ati slamet, sing sembrana cilaka.
i.   Wiwit kuncung nganti gelung tegese wiwit bocah nganti tuwa.
j.   Ana catur mungkur tegese ora gelem melu urusane liyan.

2.       Saloka
Saloka, yaiku unen-unen utawa tembungan kang ajeng penganggone, duwe teges entar, ngemu surasa pepindhan, dene kang dipindhakake wonge utawa barange.
Tuladha:
a. Kebo nusu gudel tegese wong tuwa njaluk warah marang wong enom.
b. Kebo kabotan sungu tegese wong kang rekasa uripe jalaran kakehan anak.
c. Kacang nurut lanjaran tegese tingkah lakune anak lumrahe ora bedo karo tingkah lakune wong tuwane.
d.  Timun mungsuh duren teges wong cilik padudon mungsuh wong gedhe  mesthi bakal kalahe.
e.  Kethek saranggon tegese gegrombolane wong kan tumindake ala.
f.   Emprit abuntut bedhug tegese perkara cilik wusanane dadi perkara sing ngembra-ngembra.
g.  Gajah ngidak rapah tegese wong kang nglanggar wewalere dhewe
h.  Kutuk marani sunduk tegese wong kang njarag marang bebaya.
i.   Kebo ilang mulih menyang kandhange tegese wong utawa barang ilang bisa bali tanpa digoleki.
j.   Tumbu oleh tutup tegese wong kang memitran sing cocog banget.

3.       Bebasan
Bebasan, yaiku unen-unen utawa tetembungan kang ajeg penganggone, duwe teges entar, ngemu surasa pepindhan, dene sing dipindahakake kakahanane wong utawa barang.
a.  Bathok bolu isi madu tegese wong kang katohe ala nanging sugih kapinteran.
b.  Kriwikan dadi grojogan tegese perkara cilik dadi perkara gedhe.
c.  Ngaup ngisor awar-awar tegese njaluk pitulungan marang wong kang kahanae ora duwe.
d.  Nuruti layangan pedhot tegese nggoleki barang remeh, ora kurup karo rekasane.
e.  Emban cindhe emban siladan mbedak-bedakake utawa ora adil.
f.   Nglungguhi klasa gumelar tegese mung kari nemu kepenake.
g.  Ngubak-ubak banyu bening tegese gawe rerusuh papan kang wis tentrem.
h.  Cebol nggayuh lintang tegese kedhuwuren panjangka.
i.   Wis kebak sundukane tegese wis akeh dosane.

j.   Kebak luber kocak-kacik tegese wong kang kakehan ngelmu malah owah pikirane.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Next Prev
Ismail Wiroprojo