=====UNDUH MASTER APLIKASI P K G di sini atau di sini=====

Jumat, 25 Juli 2014

Piwulang Kautaman : Sipat Welas Asih

Materi Bahasa Jawa Kurikulum 2013
Salah satunggaling tembung ing basa Jawi, ingkang tegesipun sakelangkung lebet saha kebak pitutur kasaenan tumraping tiyang gesang ing salebeting bebrayan inggih punika tembung “Welas Asih”.
Tembung “Welas Asih” punika menawi saget katindakaken dening saben-saben tiyang mesthi dadosaken bebrayaning ngagesang dados tentrem saha ayem.
Namung kasunyatan ing ngagesang kathah sanget tiyang ingkang tega saha mentala dhumateng tiyang sanes. Kamangka tiyang sanes punika boten tumindak ala ugi boten damel kapitunan.
Nalika semanten, antawis warsa 1994. Salah satunggaling pawiyatan Sekolah Menengah Atas ingkang siswa kakungipun kathah ingkang remen congkrah, padu kaliyan sesamining siswa saking pawiyatan sanesipun kuwatos dhumateng polahipun siswa punika.  Anggenipun padudon kanthi nglurug mrika mriki.
Ringkesipun, pawiyatan kalawau ngawontenaken rembagan kaliyan para pengurus OSIS ugi para dwija. Ing wusana dipun gemblengaken menawi ing pawiyatan punika kedah dipun wontenaken kegiatan ekstrakurikuler beladiri pencak silat. Kenging punapa ? Amargi ing pangajab kanthi kegiatan ekstrakurikuler beladiri pencak silat punika saget ngladosi ugi nggladhi para siswa ingkang gadhah bakat olah raga, ulah kanuragan ugi trapsila kawicaksanan. Kenging punapa pencak silat? Amargi pencak silat minangka kabudayan ingkang asli Indonesia, ingkang kebak piwucal kasaenan.
Wusana dipun temtokaken jinising ulah kanuragan (pencak silat) ingkang kangge kegiatan ekstrakurikuler. Kanthi syarat ingkang nggladhi (pelatih) ugi kedah dwija saking nglebet pawiyatan punika.
Jinising pencak silat saha ingkang nggladhi sampun dipun temtokaken. Ekstrakurikuler dipun awiti kanthi sae. Pencak silat ingkang kapilih inggih punika ingkang tansah ngluhuraken piwucal kawicaksanan (kearifan lokal) “Welas Asih”, ingkang saget nggladhi para siswanipun supados saget “Mersudi Patitising Tindak Pusakane Titising Hening” (Mencari sampai mendapat Kebenaran dengan Ketenangan).
Wiwit dipun wontenaken ekstrakurikuler pencak silat punika para siswa ing pawiyatan Sekolah Menengah Atas punika saget lan gampil dipun arahaken. Sedaya saget tumata sae. Para siswa ingkang ndherek ekstrakurikuler punika antawis 200 siswa kakung lan pawestri.
Emanipun, sak sampunipun ekstrakurikuler punika saget mlampah kanthi sae, para siswa saget tumata, wonten dwija ingkang dados racun ing pawiyatan punika. Dwija punika tansah damel ukara-ukara ingkang boten ngremenaken. Ingkang sakelangkung eman, dwija punika malah “Nantang” dhateng siswa ingkang ndherek ekstrakurikuler pencak silat. Namung kemawon, siswa punika boten purun ngladosi, amargi sampun kalebetan piwucal kawicaksanan lan kautaman , “Hangajeni pepundhen saha welas asih”, (wekdal sak punika, warsa 2014 siswa ingkang dipun tantang saha dwija ingkang nantang taksih gesang, namung kemawon dwija punika sampun asring nampi bilahi saking Gusti ingkang murbeng dumadi).
Emanipun malih dwija punika boten wantun ngendika ingkang kirang prayogi dhumateng dwija ingkang nggladhi pencak silat.
Lelampahan ing nginggil, minangka tuladha ingkang mujudaken lelampahanipun tiyang (dwija) ingkang boten sae, tebih saking sipat kautaman saha welas asih.
Senaosa boten remen dhateng siswa ingkang ndherek pencak silat utawi boten remen dhateng pencak silatipun, dwija punika mesthinipun boten makaten.
Agami punapa kemawon utawi kabudayan saking pundi kemawon, sedaya maringi tuladha supados sami anggadhahi sipat Welas Asih” dhumateng tiyang sanes saha alam ingkang sampun gumelar punika. Amargi sinten kemawon ingkang boten gadhah sipat Welas Asih badhe nampi ganjaran. Sapa Nandur Bakal Ngundhuh.
Kanjeng nabi Muhammad SAW, ugi sampun nuladhani, tetep nglampahi tumindak becik senaosa masyarakatipun kathah ingkang nyawat (mbalangi) telek dhumateng piyambakipun.
Dwija ingkang sampun nantang siswa ingkang ndherek ekstrakurikuler pencak silat kalawau, ingkang boten remen dhateng pencak silat kagungan rayi (ipe) ingkang nalika semanten nembe lulus kuliah, dereng nampi ijazah. Dwija punika ngendika dhateng dwija ingkang maringi gladhen pencak silat :”Kula nyuwun tulung, rayi kula, niki sampun lulus kuliah namung kemawon dereng nampi ijazah. Menawi wonten pawiyatan ingkang betahaken lulusan kados rayi kula (WB), mbok rayi kula dipun rumiyinaken”. Lajeng dwija ingkang dados pelatih (nggladhi) ektra pencak silat ngendika :”O, nggih pak”.
Ing salah setunggale wekdal sak estu, wonten pawiyatan ingkang purun nampi lulusan kados rayinipun dwija punika. Wusana rayinipun dwija ingkang boten remen dhumateng pencak silat kalawau saget dados dwija ing salah setunggale pawiyatan. dados dwija (WB) ngantos wekdal sak punika kanthi lantaran dwija ingkang nggladhi pencak silat.
Mangga dipun raosaken kanthi manah ingkang wening lelampahan nyata ing nginggil.
Wujud Welas Asih.
Welas asih ugi saget  dipun pirsani saking raos lila legawanipun manungsa wanci nglampahi punapa kemawon ingkang saget migunani tumrapipun bebrayan.
Kanthi jiwa saha sipat Welas asih ing tembe badhe migunani dhateng tiyang sanes ugi pribadinipun tiyang ingkang tansah kagungan raos Welas Asih.
Tiyang-tiyang ingkang ngunggulaken raos saha sipat Welas Asih tansah ngrampungaken samubarang perkawis kanthi cara ingkang saget nentremaken tiyang sanes (damai).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Next Prev
Ismail Wiroprojo